Toyota Kijang

Kijang Innova

Toyota Kijang ya iku modhèl montor niaga lan kulawarga gaweyan Toyota kang kalebu mobil kang paling populer kanggo kelas Minibus ing Indonésia.[1] Toyota Kijang ana ing Indonésia wiwit taun 1977 lan saiki kalebu salah sijiné modhél saka Toyota lan paling laris ing nagara Indonésia iki.[1] Saiki mobil iki bisa tinemu kanthi gampang ing kabéh tlatah ing Indonésia.[1]

Kesuksèsan Toyota Kijang nduwéni prabawa ya iku akéhé montor-montor kang jinis lan dhapuré niru konsèp saka Toyota Kijang.[1] Contoné akèh mobil kang jenengé dijupuk saka jeneng kéwan, kaya ta Isuzu Panther lan Mitsubishi Kuda.[1] Saliyané ing Indonesia, sadurungé ana génerasi Innova, Toyota Kijang uga didol ing nagara Malaysia kanthi jeneng Unser.[1]

  1. a b c d e f toyota.co.id Archived 2011-11-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 5 Agustus 2011)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search